Pilkuda Ngagem Busana Jawa

“Pemilihan
ketua pemuda ingkang dereng nate dipunadani dening pemuda – pemudi Dukuh 07
Puron saha nembe kapisan menika alhamdulillah pikantuk apresiasi ingkang sae
saking sedaya pihak masyarakat. Kula minangka Ketua Panitia Pilkuda menika
ngraosaken remen sanget, amargi saged nambah raos demokrasi dhumateng warga
Puron saha saged nglestantunaken budaya Jawa saking sedaya panitia ingkang
ngagem busana Jawa. Kirangipun raos tresna marang budaya Jawa tumrap para
pemuda menika kedah dipuntebihaken, pramila saking ngagem busana Jawa menika
sampun sae sanget kagem nepangakaen saha ngraketaken marang budaya Jawa menika.
Ngagem busana kemawon kathah panyaruwe saking panitia wonten ingkang sarujuk
saha boten ngendikanipun, ananging alhamdulillah sedaya saged sarujuk” ngendikanipun
Ketua Pilkuda Agus Marwanto. Saking sedaya warga ingkang paring swanten kagem
pemilihing ketua pemuda periode 2013-2015 menika ugi remen sanget, saking
sedaya wakil saking saben Kepala Keluarga menika ingkang boten tindak namung
5%. Miturut Dukuh 07 Puron Bapak Suroso, “kula acungi jempol 5 kangge acara
menika, mugi-mugi Dusun 07 Puron mliginipun Pemuda-Pemudi saged kompak saha
saged nguri-uri kabudayan Jawi kanthi progam-progam ingkang dipun damel
samangke”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar