Selasa, 12 Februari 2013

Pranata Cara


1.        Pranatacara ing acara lamaran
Assalamu ’alaikum Wr. Wb.
       Kula nuwun,
       Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu duta saking kulawarga calon besan ingkang tansah kinurmatan, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.
       Langkung rumiyin mangga tansak ngaturaken raos puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit kita sedaya sampun pinaringan karaharjan saha kawilujengan saengga saged makempal wonten papan menika boten kirang satunggal punapa. Lan sak derengipun kula kathah matur wonten ngarsa panjenengan, mbok bilih samangke kathah kalepatan kula namung nyuwun agunging samodra pangaksama.
       Saking keparengipun ingkang hamengku gati inggih menika Bpk. Darmo Wiyono sekalian, kula minangka pranatacara badhe ngaturaken rerantamaning adicara pasrah panampining lamaran ing wekdal menika, ingkang sampun karakit inggih menika :
1)      Pambuka
2)      Atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, ingkang dipunsalirani panjenenganipun Bpk Surasa.
3)      Pasrah lamaran dening Bpk Marsudi minangka talanging atur saking kulawarga calon besan.
4)      Atur panampining lamaran ingkang badhe dipun kasalirani panjenganipun Bpk Surasa.
5)      Sumene.
6)      Pamitan saking kulawarga calon besan ingkang badhe atur pangandikan Bpk Marsudi.
7)      Panutup.
       Mekaten menggah rantamaning adicara ing wekdal menika. Sumangga kita wiwiti kanthi dedonga sesarengan, nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi adicara pasrah panampining lamaran menika tansah pinaringan rahayu wilujeng ngantos dumugi paripurnaning acara. Sumangga kula dherekaken.
... dedonga kawiwitan... cekap
Matur nuwun. Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati, ingkang badhe dipunsalirani panjenenganipun Bapak Surasa, dhumateng Bapak Surasa kula sumanggakaken.
2.        Atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati.
Assalamu ’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah kula bekteni, para kulawarga calon besan ingkang kinurmatan saha para rawuh ingkang minulya.
Kabagyan, kawilujengan, saha karahayon saking ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Welas Asih tansah kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Ingkang sepisan Bapak/Ibu Darmo Wiyono sakulawarga lumantar kula, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para duta saraya saking Bapak/Ibu Hadi Siswanto saha dhumateng para rawuh sedaya. Sinarengan raos panuwun ingkang tanpa upami, dene panjengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh ing pahargyan menika. Mugi para rawuh kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, ngantos paripurnaning adicara ing wekdal menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, ing tembe panjenenganipun Bapak Hadi Siswanto sampun pirembagan kaliyan panjenenganipun Bapak Darmo Wiyono sekaliyan, ing samangke badhe netepi darmaning sepuh, inggih menika ndhaupaken Bagus Tedi permadi, putra Bapak/Ibu Hadi Siswanto kaliyan Rara Putri Ayu Kencana, putra Bapak/Ibu Darmo Wiyono.
Pramila ing kalenggahan menika badhe katindakaken tata upacara pasrah panampining lamaran. Mugi mugi adiocara menika saged kalampahan kanthi rancag saha tansah manggih rahayu wilujeng. Ugi boten kesupen menawi Bapak/Ibu Hadi Siswanto anggenipun nampi rawuh panjengan sedaya kathah kekirangan, Bapak/Ibu Hadi Siswanto sekaliyan tansah nyadhong agenging samodra pangaksami.
Ing wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepataning atur saha wonten solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang boten nuju prana dhumateng penggalih panjenengan sedya kula nyuwun agunging pangapunten.Nuwun.
Wassalamu ’alaikum Wr. Wb.
MC : Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten kala wau atur saking Bapak Surasa minangka sulih sarira saking ingkang hamengku gati. Acara ingkang salajengipun inggih menika atur pasrah lamaran saking duta saraya calon besan. Dhumateng Bapak Marsudi kula sumanggakaken.
3.        Atur pasrah lamaran
Assalamu ’alaikum Wr. Wb.
Kula nuwun.
Dhumateng panjejnenganipun para pepundhen, parea pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Bapak Darmo Wiyono sakulawarga ingkang kula kurmati saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken raos puja puji pudyastuti dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang sampun paring pinten pinten karohmatan saha hidayah saengga ing titiwanci menika kita saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan saha kawilujengan.
Sak derengengipun kula nyuwun pangapunten, amargi sampun kumawani ngadeg wonten ngarsanipun panjenengan sedaya. Bapak/Ibu Darmo Wiyono ingkang tansah kula kurmati ingkang sepisan kula sulih sarira saking Bapak Hadi Siswanto ngaturaken salam taklim katur wontenngarsa panjenengan sakaluwarga.
Ingkang kaping kalih, Bapak Hadi Siswanto ngersakaken ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, keparengan badhe kadhaupaken kaliyan putra jalunipun, anama Tedi Permadi ingkang samenika ugi ndherek sowan ngabyantara wonten dalemipun Bapak Darmo Wiyono inkang luhur ing budi. Ingkang kaping tiga, bapak Hadi Siswanto sekalian namung saged ndherek menggah rerantaman dhaupipun temanten kekalih menawi sampun dumugi titi wancinipun. Calon temanten saged kaijabna saha kapanggihna manut satataning agami saha adat ingkang lumampah wonten mriki.
Salajengipun minangka panutuping atur, manawi Bapak Hadi Siswanto sekaliyan sakulawarga anggenipun ngaturaken sarana menika kathah kekirangan panjenenganipun Bapak Darmo Wiyono sekaliyan mugi keparenga nampi kanthi lila legawaning manah.
Menika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepataning atur saha trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging sih samodra pangksami. Nuwun.
Wassalamu ’alaikum Wr. Wb.
MC : mekaten, menggah atur pasrahipun lamaran Bapak Marsudi minangka duta saking calon besan ing acara menika. Salajengipun pasrah lamaran menika badhe dipuntampi panjenenganipun Bapak Surasa minangka sulih sarira Bapak Darmo Wiyono sekaliyan. Dhumateng Bapak Surasa wekdal saha papan kula aturaken.

4.        Atur panampining pasrah lamaran

Nuwun panjenenganipun Bapak Marsudi minangka duta saraya saking panjenenganipun Bapak Hadi Siswanto sekaliyan ingkang tansah kula kurmati, saha para rawuh ingkang kinurmatan.
Kawilujengan, saha karaharjan saking Gusti Allah mugi kasalira dhumateng kula panjenengan sedaya.
Kula minangka tetalanging basa, saking panjenenganipun Bapak Darmo Wiyono sekaliyan, ingkang sepisan salam saha taklim ingkang kaparingaken sampun kula tampi kanthi renaning manah. Kosok wangsulipun mugi salam taklim kula mugi kaaturaken dhumateng Bapak-Ibu Hadi Siswanto ingkang ngutus panjenengan.
Ingkang kaping kalih, menggah lamaran panjenegan, satuhu damel kejoting manah kula. Anak kula pun Putri Ayu Kencana menika tebih saking rupi tur kiranging warni, tebih saking ngelmi, cumpen mring seserepan. Parandene damel sengseming manah Anakmas Tedi Permadi. Pramila kersanipun Bapak-Ibu Hadi Siswanto lumantar panjenengan damel ayem tentreming manah kula kados siniram banyu sawindu, kula rumaos begja kemayangan kados kadhawahan daru.
Wondene atur saha paringipun jejangkeping palakrami, kula tampi kanthi suka bingahing manah. Mboten kekilapan, ugi ngaturaken agunging panuwun shumateng Bapak Hadi Siswanto mugi dadosa sarana raketing manah.
Pungkasing atur, manawi anggenipun kula nampi pangandikan panjenengan minanka duta saraya Bapak Hadi Siswanto sekaliyan, kathah kirangipun saha kirang trapsila ing solah bawa, kula nyuwun samodra pangaksami. Nuwun.
Wassalamu ’alaikum Wr. Wb.
MC : mekaten atur panampining lamaran ingkang dipunkasalirani panjenganipun Bapak Surasa. Para rawuh ingkang minulya, sampun kaleksanan sedaya adicara ing dinten menika kanthi wilujeng boten kirang satunggal menapa. Lan ing wekdal menika keparenga panjenengan sedaya lelenggahan kanthi saprayoginipun sinambi angrahapi pasugatan ingkang sampun dipunaturaken kanthi mardikaning penggalih saha wekdal ingkang sacekapipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar